Calon Kuwu Desa Bugel, Patrol H. Kusnadi Nomor Urut 4 Visi dan Misi

Assalamualaikum sahabat lan sedulur blog kang Guntur kabeh bae, dina kien kula pengen posting mengenai salah sijie calon kuwu saking Desa Bugel, Blok Telar, Kecamatan Patrol, Kabupaten Indramayu. Calon Kuwu Desa Bugel iki namine Kang Kaji Kusnadi, olih nomer urut 4 (Papat). Visi Misie menurut kula sih bagus pisan.

Calon Kuwu Desa Bugel Patrol H Kusnadi
Calon Kuwu Desa Bugel Patrol H Kusnadi

Kula kutip saking portal online radar-x.net postingan pertanggal 29 April 2021, salah siji dari visi misi ne iku pengen membenahi pelayanan aparat desa kangge masyarakat desa Bugel. 

“Insya Allah, lamun diamanati warga Desa Bugel kula dadi Kuwu, kula garep ningkataken pelayanan aparatur desa kanggo masyarakat lan memperhatikan kebutuhane para petani kaya misale irigasi lan kebutuhan petani sejene,” jare Kang Kaji Kusnadi.

Calon Kuwu Desa Bugel Kang Kaji Kusnadi iki uga berprofesi sebagai Pengusaha Trading Forex, bisnis milenial sing basise digital. Jare Kang Kaji Kusnadi ngomong mengkenen jeh, kangge masyarakat desa Bugel pada umume, khususe kangge para pemuda, mengkin kula ajari pripun cara olih penghasilan tambahan sing bisnis kien, bisnis sing wis lawas kang Kaji Kusnadi tekuni.

“Kula mengimbau uga kangge masyarakat desa Bugel dalam rangka mengikuti pesta demokrasi pilwu serentak iki supaya luwih mempererat tali silaturahmi lan uga njaga kondusifitas lingkungan serta sing paling penting yaiku aja klalen selalu menjalankan Prokes Covid-19.” Jare Kang Kaji Kusnadi.

Profil Calon Kuwu Desa Bugel Kang H. Kusnadi


Calon Kuwu nomor 4 kang tempat tinggal atawa umahe ning blok Telar, Desa Bugel iki, kangge kerabat lan pendukunge nduweni Jargon atau visi misi "AMAT BERKAH", sing merupakan akronim atawa singkatan saking kata : "Adil,Makmur,Sejahtera dan Berakhlakul Karimah".

Kang Kaji Kusnadi uga lamun dipercaya masyarakat kangge njabat kuwu Periode 2021-2027 garepan dadiaken Desa Bugel sing Bermartabat. Nah cekap semonten mawon tulisan kula kangge dinten niki, nyuwun agungipun pangapunten, bilih wonten ucapan atanapi tulisan kula ingkang boten eca atawa salah penulisan. Maklum kula masih belajar, hehehe kesuwun kabeh bae ya sedulur sing wis mampir lan waca bloge kula.
HALAMAN SELANJUTNYA:


Artikel Terkait

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel